Ciptakan Kidung Rumeksa Ing Wengi, Sunan Kalijaga Wali Songo Anjurkan Baca Doa Tolak Bala Ini

- 22 Juni 2022, 15:15 WIB
Ilustrasi kidung rumeksa ing wengi Sunan Kalijaga doa tolak bala Wali Songo.
Ilustrasi kidung rumeksa ing wengi Sunan Kalijaga doa tolak bala Wali Songo. /Tangkapan layar youtube pekok Kreatif

KlikBondowoso.com - Sunan Kalijaga merupakan sosok wali yang tergabung ke dalam sembilan Wali Songo.

Sunan Kalijaga ini juga terkenal sebagai wali yang menyebarkan agama Islam melalui budaya khususnya untuk masyarakat Jawa, seperti menggunakan media lagu doa atau kidung, dalah satunya doa tolak bala.

Salah satu amalan Sunan Kalijaga Wali Songo yang diajarkan pada umatnya adalah kidung rumeksa ing wengi yang berisi doa tolak bala.

Dilansir KlikBondowoso.com dari berbagai sumber, berikut kidung yang dalam liriknya berisi doa tolak bala agar terhindar dari marabaya dan bencana tersebut.

Baca Juga: KERAMAT! 2 Ajaran Sunan Gunung Jati Ini Dianggap Hidup Sampai Sekarang, Simak Ajaran Wali Songo

Baca Juga: Persib Memimpin, Juara Liga 1 Tahun Lalu Tumbang Bersama Persebaya, Akhir dari Grup Neraka

Ana kidung rumeksa ing wengi
Teguh hayu luputa ing Lara
Luputa bilahi kabeh
Jim setan datan purun
Paneluhan tan ana wani
Miwah panggawe ala
Gunaning wong luput
Geni atemahan tirta
Maling adoh tan ana ngarah ing mami
Guna duduk pan sirna

Sakehing lara pan samya bali
Sakeh ngama pan sami miruda
Welas asih pandulune
Sakehing braja luput
Kadi kapuk tibaning wesi
Sakehing wisa tawa
Sato galak tutut
Kayu aeng lemah sangar
Songing landhak guwaning wong lemah miring
Myang pakiponing merak

Baca Juga: Hasil Pertandingan Bhayangkara FC vs Persib, Keegoisan David da Silva Bikin Maung Bandung Unggul

Pagupakaning warak sakalir
Nadyan arca myang segara asat
Temahan rahayu kabeh
Apan sarira ayu
Ingideran kang widadari
Rineksa malaekat
Sakathahing Rasul
Pan dadi sarira Tunggal
Ati Adam Utekku Baginda Esis
Pangucapku ya Musa

Napasku Nabi Ngisa linuwih
Nabi Yakup Pamiyarsaningwang
Yusup ing rupaku mangke
Nabi Dawud Suwaraku
Jeng Suleman kasekten mami
Nabi Ibrahim nyawaku
Edris ing Rambutku
Baginda Ngali kulitingwang
Getih daging Abubakar singgih
Balung Baginda Ngusman

Baca Juga: Update! Hasil Akhir Penentu Peringkat PSIS Semarang vs Persis Solo di Klasemen Grup A Piala Presiden 2022

Sungsumingsun Patimah linuwih
Siti Aminah Bayuning Angga
Ayup ing Ususku mangke
Nabi Nuh ing Jejantung
Nabi Yunus ing Otot mami
Netraku ya Muhammad
Pamuluku Rasul
Pinayungan Adam sarak
Sammpun pepak sakatahe para
Nabi dadya sarira Tunggal.

Wiji sawiji mulane dadi
Apan apencar dadiya sining jagad
Kasamadan dening Dzate
Kang maca kang angrungu
Kang anurat kang anyimpeni
Dadi ayuning badan
Kinarya sesembur
Yen winacakna toya
Kinarya dus rara gelis laki
Wong edan dadi waras

Baca Juga: Naungi Weton Sabtu Legi, Khodam Sunan Kalijaga Wali Songo Terkenal Sakti Mandraguna Menurut Primbon Jawa

Lamun ana wong kadhendha kaki
Wong kabanda wong kabotan utang
Yogya wacanen den age
Nalika tengah dalu
Ping sawelas macanen singgih
Luwar saking kabanda
Kang kadhendha wurung
Aglis nuli sinauran mring hyang
Suksma kang utang puniku singgih
Kang agring nuli waras

Lamun arsa tulus nandur pari puwasaa sawengi sadina,
Iderana gelengane
Wacanen kidung iku
Sakeh ngama sami abali
Yen sira lunga perang
Wateken ing sekul
Antuka tigang pulukan
Musuhira rep sirep tan ana wani
Rahayu ing payudan

Baca Juga: Perkara Penonton Piala Presiden 2022 yang Membludak, Begini Saran Pakar Hukum Olahraga, Eko Noer Kristiyanto

Sing sapa reke bisa nglakoni
Amutiya lawan anawaa
Patang puluh dina wae
Lan tangi wektu subuh
Lan den sabar sukuring ati
Insya Allah tinekan
Sakarsanireku
Tumrap sanak rakyatira
Saking sawabing ngelmu pangiket mami
Duk aneng Kalijaga.***

Editor: Sholikhul Huda


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah